Rabu, 30 Agustus 2017

Acara HUT RI Ke-72

ASSALAMUALAIKUM WR.WB

HAIIIII GAIS, neng kene aku pan nyeritakaken kegyatan aku pas dina kemerdekaan.
sedurunge kuwi, aku pan ngenalna diri ndisit ya... jenenge aku Esril Elen Ranna Qasimah. aku sekolah neng SMPN 2 Tegal. langsung ajah wis ya neng cerita pengalamane aku...

dina kemerdekaan pas tanggal 17 agustus kuwi, aku upacara ndisit neng sekolah. bar kuwi aku melu lomba-lomba neng sekitar umahe aku. nah lomba-lombane kuwi ya,,, ana lomba panjat pinang, mangan kerupuk, balap karung, ngelebokna paku nang botol, pentung kendi lan esih akeh maning. kan lomba-lombane akeh, aku melu kabeh lombane,, tapi aku ora menang lombane,,, ya,, ora papa wis. sing penting nyong melu ngerayakna agustusan.

nang sekolah aku pan melu lomba belut, ehh,, tau-taune aku di suruh melu lomba gerak jalan. nah sing melu kuwi ana 2 grup, grup lanang lan wadon. sing grup lanang anggotane ana 10 wong inti lan 2 wong cadangan.grup wadon ya iya ana 10 wong inti lan 2 wong cadangan.

nah grup lanang kuwi mlakune pada banter-banter. ujug-ujuge wis anjog garis finish.ning grup wadon akeh sing ora kuat, ana sing muntah lah, ana sing pan pingsan lah... yawis sing grup wadon kalah lomba... mukane wis pada pucet-pucet..

lah kuwi mau pengalamane aku melu ngerayakna lomba agustusan... matur suwun sanget nggih sampun ngileng blog-e aku..

WASSALAMUALAIKUM WR.WB

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

karisidenan 2018

Assalamualaikum kawan... aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan. Tanggal 19 m...