Rabu, 28 Maret 2018

POPDA terakhir nang masa SMP

Assaalamualaikum cah...

 Piye kabare? eh daning aku kegawa basa Solo ya soale pikirane nyong lagi pengin maring Solo maning :v

Popda 2018 iku.. popda terakhir nggo nyong sebabe nyong wis kelas 9. Mulane nyong berjuang nemen eben olih juara 1 maning kaya taun mbiyen. lawane jebule beda maning karo sing taun wingi.

Popdane tanggal 20-23 Februari tempate nang GOR Tegal Selatan. Pertandinganne mulai pukul 08.00-17.00

Tanggal 20 Februari langsung dimulai tandinge jam 8 persis nah sing main partai 5 yaiku lala adik kelase nyong. pas iku Pa Mui karo mas Hanafi durung anjog mono nah nyong nang kana keder nemen soale peralatan sing nggo tanding kaya misale deker,engkel durung ana. akhire nyong karo Rozak nyilih motore Pa Yusuf nggo maring SMK MUTU jukut perlatane. nah barang wis jukut peralatane nyong karo Rozak langsung cepet-cepet balik maning ,maring tempat pertandingan. barang wis anjog tempat pertandingan maning jebule lawane Lala over berat badane akhire rak sida tanding. alhamdulillah wis..

Alhamdulillah SMP 2 bisa nggawa 1 emas (aku), 1 perunggu (Naila). alhamdulillah nyong bisa mertahanna juara 1 kaya taun wingi.. aku lanjut karisidenan. nah ngko nang blog selanjute bae yaa crita pas aku karisidenane.


karisidenan 2018

Assalamualaikum kawan... aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan. Tanggal 19 m...