Assalamualaikum kawan...
aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan.
Tanggal 19 maret aku lan tim kota Tegal mangkat maring Batang nggo istirahat sit nang home stay.
mangkat jam set 3 sore anjog nang Batang bar Isya bar kuwe langsung maring kamar dewek-dewek nggo istorahat. tapi sadurunge sholat isya disit trs mangan. bar mangan kumpul delat langsung dikongkon turu ben ngesuk ora kesel.
lombane tanggal 20-22 maret pertandingan. kancanku sing arane Fajar olih partai 1 nah barang wis anjog tempat tandinge langsung pemanasan si Fajar kuwe. aku olih partai 32. tandinge tak kira sadurunge dhuhur jebule bar dhuhur akhire aku mangan sit bar kuwe sholat. alhamdulillah lolos penyisihan. aku semi finale olih partai 64, olihe bengi karo Pemalang. aku njaluk maap ya aku semi final kalah sebabe aku nagntuk tenan dadi ra fokus. yowis aku mung iso bersyukur olih juara 3. tapi aku kecewa juga soalnya taun wingi aku olih juara 2.
Alhamdulliah Tim Kota Tegal olih 5 emas yaiku 3 emas sing SMP, 2 emas sing SMA. peral karo perunggune akeh. nah sing SMP olih juaara umum 3 alhamdulillah nemen. bar pengumuman juaara umum tim kota tegal langsung balik maring home stay nggo tata tata klambi karo mangan disit.
selama neng perjalanan mangkat karo balik aku seneng nemen soale aku tembe ngrasakna arti kerjasama sing wis kaya keluarga, susah seneng bareng, nembang yel-yel sing kudu seru ben semangat, perjuangane dewek sing sedurung lomba pas latihan bener-bener kaya disiksa sampe ana sing muntah soale latihane keras, tapi nggo kebaikan dewek cah.. intine aku ra bakal lali karo perjuangan dewek awit awal latihan anjog nang pertandingan.
ojo lali yo yen dewek wis mencar-mencar sekolahe.. yen iso kumpul yo diusahakna kumpul nggo temu kangen cah. aku treno kowe kabehe..
wis ya cah.. gampang ngko lanjut ,maning neng crita selanjute.. sadurunge aku njalut maaf nemen karo sekolahku sebabe aku durung bisa banggakna sekolah.
Wassalamualaikum....
Langganan:
Komentar (Atom)
karisidenan 2018
Assalamualaikum kawan... aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan. Tanggal 19 m...
-
Assalamualaikum konco-koncoku... Aku pan cerita liburan neng Solo nganggo lomba silat. aku mangkat sing tegal dina minggu sore tanggal 31 ...
-
ASSALAMUALAIKUM WR.WB HAIIIII GAIS, neng kene aku pan nyeritakaken kegyatan aku pas dina kemerdekaan. sedurunge kuwi, aku pan ngenalna di...
-
ASSALAMUALAIKUM.WR.WB hallo guyss... aku punya cerita baru loh.. disini aku akan bercerita pada saat pemotongan hewan qurban. jadi gi...