Assalamualaikum konco-koncoku...
Aku pan cerita liburan neng Solo nganggo lomba silat. aku mangkat sing tegal dina minggu sore tanggal 31 Desember 2017. Aku anjog Solo jam 12 kurang 2 menit bengi. Dadine, aku taun anyaran nang Solo. Pas wis anjog lokasi tandinge yaiku UMS, aku langsung di danter panitia maring kamar sing wis ditentukna. Jebule, Tim Kota Tegal sekamar karo Tim Kab.Semarang. Sing lanange Tim Kota Tegal ya pada karo sing wadon sekamar karo Tim Kab.Semarang. Tapine, bocah lanange durung anjog soale mangkate jam 9 terus kabehe emang durung pada anjog. Tembe bocah wadon Tim Kota Tegal. Pas esuke tanggal 1 sing wadon olih kabar jare mobil sing ditumpaki cah lanang bane bocor, dadine anjog Solo jam setengah 12 awan. Nah pas jam 1 awan tembe pada anjog kabeh Pimda. Malah ana sing Papua karo Yogyakarta. Padahal asline acara turnamene kanggo provinsi Jawa Tengah.
Tanggal 2 Januari 2018 acarane tembe dibuka. langsung mulai tanding partai siji. aku olih partai 95. aku tandinge sesuk. aku jebule lawan karo cah Pati. maaf aku durung bisa banggakna sekolah.. aku kalah. akhire sakwise aku kalah aku mung dolan tok nang Solo. yaa anggep bae aku lagi preinan:)
tanggal 5 Januari aku balik Tegal. lah bisane balik yaa padahal nang kana hawane enak loh.. sejuk, wong-wonge ramah. pokoke aku nek nang Solo bakal betah haha.
wis ya cah critaku cukup nang kene wae, gampang dilanjut crita selanjute..
Wassalamualaikum...
Rabu, 24 Januari 2018
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
karisidenan 2018
Assalamualaikum kawan... aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan. Tanggal 19 m...
-
Assalamualaikum konco-koncoku... Aku pan cerita liburan neng Solo nganggo lomba silat. aku mangkat sing tegal dina minggu sore tanggal 31 ...
-
ASSALAMUALAIKUM WR.WB HAIIIII GAIS, neng kene aku pan nyeritakaken kegyatan aku pas dina kemerdekaan. sedurunge kuwi, aku pan ngenalna di...
-
ASSALAMUALAIKUM.WR.WB hallo guyss... aku punya cerita baru loh.. disini aku akan bercerita pada saat pemotongan hewan qurban. jadi gi...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar