Rabu, 01 November 2017

Kemah terakhir neng SMPN 2 TEGAL :)




KEMAH TERAKHIR NANG MASA SMP

ASSALAMUALAIKUM......

 Whatsapp guys....... balik maning karo aku Esril Elen Ranna Qasimah mestine bosen nemen yak wkwk.... aja bosen ya soale aku iku DP dadine maklum lah ceritane luwih akeh dibanding kanca-kancaku.

Oke sing pertama aku pan cerita pengalaman aku nang kemah, yaiku mangkat kemah dina Rabu esuk numpak truk rame-rame. Nah aku wis firasat rak enak pas nang perjalanan, aku wis ngira bakale akeh sing pingsan, kesurupan karo mriang.

Dina pertama, Pas anjog neng Yon Zipur hawane langsung ana sing ngintili aku ya sebangsa mahkluk halus lah. Sing DP lan PMR langsung maring mesh kanggo ndalah barang-barang disit lan nggo turu bengi. Aku langsung gawekna tenda kanggo kelas 7F. Pas gawe tenda nembe jam 10 esuk wis panas nemen. Sawise gawekna tenda aku lan DP liyane di dundang karo tentarane “mas DP.. mba DP...” terus dinasehati intine aja buang sampah sembarangan terus ngomong tentarane “kowen kabeh sebagai motor! Artine sing DP sebagai penggerak anggota kemah”. Sawise ngomong kaya kuwe langsung dikonkon push up jarene sih kanggo nglatih kebersamaan:v terus langsung sing DP mbersihi sampah sing ana neng kono. Nah sawise kuwe jadwale ISHOMA (istirahat, sholat, mangan) pas anggota kemah pada mangan, sing DP di konkon mangan disit eben bisa ngurusi mangan kanggo anggota kemah. Sawise kegiyatan ISHOMA yaiku apel (14.30 WIB). Nah pas apel ana sing pingsan firasatku jebule bener. Sing pingsan kuwe langsung diurusi PMR. Sawise apel ana kagiyatan permainan besar kanggo kelas 7 & 8 sing kelas 9ne kegiyatane santai. Pas permainan besar kuwe juga ana sing pingsan malah akeh karena kepanasen. Karena akeh sing mriang lan pingsan akhire permainan besare lubar. Sawise kuwe kegiyatane sholat terus adus. Karena aku lagi halangan akhire aku ngalah karo sing ora halangan (pan sholat) sawise wis pada adus kabeh sing DP langsung maring tenda utama/tenda sekretariat. Nah sawise kegiyatan iku laka kegiyatan anjog maghrib. Akhire maghrib pun datang kegiyatane Sholat maghrib dilanjut tadarus anjog isya. Sing halangan lan sing nonis(non islam) neng tenda sekretariat tadarus bareng (islam) sing nonis kur njagong tok(intine ora ana sing neng tenda masing-masing). Sawise sholat isya langsung pada mangan. Sawise mangan sing kelas 9 kegiyatane renungan bengi jare pada nangis kabeh sebab tentang bayangna dang bapak lan ibu wis ninggal dewek keprimen kaya ngono loh aku rak ngerti aku soale dudu petugas neng acara renungan. Sing kelas 7 & 8 kegiyatane sante. Jam 9 bengi di konkon turu kabeh kecuali sing jaga malam pertama lan sing jaga wong mriang neng tenda utama. Nah aku turune neng tenda utama adang bengi atis nemen kaya neng guci.

Saiki dina ke loro, jam 06.00 senam esuk sing tugas aku lan DP liyane. Ana kegiyatan wide game kanggo kelas 7 & 8, terus sing kelas 9 ne kagiyatan outbond. Sing DP (Aku, Nabila, Hasby,Aripin) sing PMR (Ammar karo Ifa) kan nang pos semaphore nah nang pos semaphore kuwe akeh sing muntah-muntah sebabe ngantri suwe nemen. Ana bae masalah spidole tintane enteng! Lah untunge aku gawa spidol permanen. Aku njukut spidol kuwe maring mesh adoh nemen mlayu nganti asmaku kambuh. Aku tak tahan supaya ora katon aku duwe penyakit asma tapi ora bisa nah aku neng kono lemes nemen pas sawise njukut spidol nganti aku nyender neng Ammar iku aku rak modus loh tapi aku rak delengna sapa neng pinggir aku sing menting PMR. Aku langsung di tuntun karo Ammar maring tempat sing rada adem lan di wein nginung banyu. Akhire si Ammar bantu tugase aku. Sawise wis rada mending aku langsung kerja maning mein soal-soal semaphore. Sawise wis laka maring pos semaphore sing petugas neng pos semaphore langsung balik maning tenda utama. Pas anjog neng tenda utama aku langsung turunan sebab kesel nemen. Sekitar setengah jam kemudian sing kelas 9 pada cemong lan klambine teles karo lumpur kabeh. Sawise wis pada anjog maring are kemah langsung pada adus karena durung pada adus awit sedurunge kegiyatan wide game lan outbong mau. Tapi aku wis adus dadine wis tenanglah. Sawise kuwe kegiyatan ISHOMA biasalah terus sawise ISHOMA sing kelas 9 kunjungan neng museum wayang lan taman JOMBLO. Sing kelas 8 kegiyatan lomba yel-yel. Sawise anjog neng museum aku lan Mern (sahabat) langsung manjing deleng-deleng wayang kulit, wayang golek, dolanan gamelan lan foto-foto. Sawise neng museum langsung maring taman JOMBLO haha yang jomblo itu nasib ya aku kan single:V heh malah dadi bahas jomblo sih ya lanjut ceritane ya neng taman jomblo bener-bener apik tenan kanggo foto-foto aku neng kono malah foto terus monggo datang ke sana bersama sahabat kan bisa g harus jomblo sih sing duwe pacar malah luwih apik lan luwih apik maning rak usah duwe pacarlah ora perlu! Mikiri pelajaran disit eben pinter lan dadi wong sukses tembe mikiri taaruf. Sawise kunjungan langsung balik maring area kemah. Wahh aku terkejoet:v akeh nemen sing mriang sekitar 30 anak sing mriang neng tenda utama. Akhire sing DP langsung bantuni PMR lan DP dadakan dadi PMR:v karena PMR jumlahe kur 10 anak sing dipilih. Waduh DP langsung pada mijeti sing mriang juga dicek DN(denyut nadi). Jebule Dne akeh sing lemah langsung dikeroki lah aku nyilih karo kancaku duit 1000 sing koin. Sawise di keroki lan dipijeti alhamdulillah wis normal Dne. Sawise rampung kegiyatan lomba yel-yel langsung ISHOMA anjog isya wis biasa. Nah maalam api unggun pun datang aku lan kanca-kancaku latihan dasa dharma eben rak klalen. Bar latihan langsung persiapan penyalaan api unggun. Pas wis mulai acarane sing melu dasa dharma esih ngatur-ngatur barisan. Langsung digayami karo guru-guru. Nah mulai penyalaan api unggun pasukan dasa dharma langsung ngmong “bismillah disit” aku wedi rak nyala apine jare kabehe intine “bismillah” siap. Alhamdulillah lancar pas penyalaan api unggun. Sawise wis slese apel api unggun langsung pensi kanggo kelas 7 & 8. Aku neng kono bener-bener wedi sebab aku bisa weruh setan. Dadi critane pas pertama ana lagu jawa langsung setane pada ngrubungi api unggune lah kuwe sebabe apine ora nyala apik): apa manng pas pensi anoman obong uhhh... langsung akeh sing kelas 7 akeh sing kesurupan langsung digawa maring tenda utama nah aku ngundang Sarah(alim nemen) eben aja kesurupan. Nah uwis rampung acara pensine tapi sing kesurupan ora mari-mari malah tambah nangis kejer-kejer. Akhire wis pada meneng aku langsung jaga bengi kuwe haruse sih anjog jam 01.00 tapi aku wis rak kuat dikintili makhluk kuwe sejak pertama anjog, akhire aku kur anjog jam 23.00 jagane. Aku turune neng tenda utama baelah sing adem.

Dina terakhir, rencanane sih apel pan jam 05.00 eben ora awan balike tapi durung pada tangi. Akhire peserta kemah ditangini mas Bait karo mas Shubhi jam 05.15. Aku tangi jam 04.30 langsung maring mesh adus esih pada turu. Nah jam 05.30 nembe pada tangi. Akhire langsung tata-tata perlengkapan pribadi sampe rak pada adus aku tah adus oh. Sawise tata-tata tas langsung pada digawa neng tenda utama sing DP karo PMR. Langsung aku ngrobohi tenda sing kelas 7F mau. Sawise ngrobohna aku dikonkon guru nglipet tenda sing ana ing pojok tenda utama. Aku, Marsya, Nawang wis nglipet 3 tenda. Tapi Ammar, Zidan, Ariq 1 tenda be durung rampung astagfirullah.. akhire aku bantuni anjog 3 tenda. Sing liyane bersih-bersih area kemah. Sawise bersih-bersih istrahat mangan. Jam 08.00 apel, sawise apel langsung pengumuman pemenang lomba wide game lan pensi terbaik kanggo kelas 7 & 8. Sawise wis rampung kabeh langsung dikoordinator masuk trek sing kaya pas mangkat.

Wis rampung ceritane guys suwun sing wis rela maca tulisan akeh nemen kaya kie ya suwun nemen. Tetep karo aku ya ing cerita selanjute.. bye..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

karisidenan 2018

Assalamualaikum kawan... aku neng kene bakal nglanjutna cerita sing popda 2018 nah bar kuwe aku lomba tingkat karsisidenan. Tanggal 19 m...